Post

Ramalan Bintang Zodiak Jowo

Iki Keadaane dirimu kabeh sing percoyo karo Ramalan nasibmu bulan iki menurut Zodiak Jowo :
1. Pirgo
Penggawean sing cocok: dodhol blewah , karo jengkol.
Keuangan: Ojo Kakean pengeluaran , mangan wae neng angkringan.
Asmara: goleko sing rodho genah lan waras.


2. Akuwarius
Penggawean sing cocok: Dodol botol bekas karo dodol plastik kresek.
Keuangan: nyilah-nyilih tonggo wae.
Asmara: Sedelok bakal diusir calon mertuwo, bakal jomblo maneh.
3. Piskes
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon.
Keuangan: Duwite mung kari selembar neng dompet
Asmara: Calon Moro tuwo mu gak gelem ndelok rupamu.
4. Ariyes
Penggawean sing cocok: angon wedhus,mbecak, sopir odhong-odhong.
Keuangan: kakehan utang, tombok terus.
Asmara: Sering diapusi jodoh sing neng FB.
5. Tawurus
Penggawean sing cocok: dadi Maklar tanah karo maklar omah.
Keuangan: kapusan konco dewe. kudu diruwat.
Asmara: gak payu-payu, perlu ganti pelet karo menyane .
6. Gemini
Penggawean sing cocok: Njoget neng Prapatan karo golek rongsokan.
Keuangan: Neng pengin sugih warisan mertuwo didoli wae.
Asmara: Jodoh isih adoh...kakeyan upload foto neng FB tapi gak payu.
7. Kanser
Penggawean sing cocok: Kerjo ngepel lantai kantoran
Keuangan: Sabar nak mangan neng angkringan wae.
Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.
8. Leyo
Penggawean sing cocok: dodolan daster bekas karo jahit sandal bekas.
Keuangan :esok sore mangan ngutang .
Asmara: Arep ono bintang film kartun naksir kowe
9. Libra
Penggawean sing cocok: Maklar Pilkada karo agen demontrasi
Keuangan: tombok terus
Asmara: malem minggu sir-siranmu ngidam menek wit kelopo
10. Sekorpio
Penggawean sing cocok: Nyuci mobil Jenazah
Keuangan: mlarate, dikuras gendakane terus
Asmara: Pacaran gagal terus masalahe pacare penyakiten kabeh
11. Sagitariyus
Penggawean sing cocok: Nyapu dalan, karo nyopet rondo
Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo.
Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu.
12. Kaprikorn
Penggawean sing cocok: Dagang pupuk inthil wedus
Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih!
Asmara: Disampluk moro tuwo

Categories